PITUTUR JOWO : WELINGE MBAH KIYAI

PITUTUR JOWO : WELINGE MBAH KIYAI

Wong ngibadah yen ora nganggo rasa, mula dadine 'ujub (gumun marang awake dhewe)......
Wong ngamal yen ora nganggo rasa, mula dadine riya' (pamer)...
Wong pinter yen ora nganggo rasa, mula dadine bombong...
Wong alim yen ora nganggo rasa, mula dadine takabbur (gumedhe)...
Wong kuwasa yen ora nganggo rasa, mula dadine kumawasa (dholim)...
Wong sugih yen ora nganggo rasa, mula dadine semugih (mbangga'ake marang donyane)...
Wong bagus/ayu yen ora nganggo rasa, mula dadine gembagus/kemayu (ngendelake marang rupane)...
Wong sabar yen ora nganggo rasa, mula dadine gampang mutung...
Wong seneng yen ora nganggo rasa, mula dadine ketungkul (lali)...
Wong susah yen ora nganggo rasa, mula dadine ngangluh...
Wong bodho yen ora nganggo rasa, mula dadine keset (males)...
Wong kecukupan yen ora nganggo rasa, mula dadine hasud (iri/srei)...
Wong turah yen ora nganggo rasa, mula dadine tama' (serakah)...
Wong kekurangan yen ora nganggo rasa, mula dadine kemrungsung...
Wong mlarat yen ora nganggo rasa, mula dadine nyalahke marang nasibe...
Wong apes yen ora nganggo rasa, mula dadine nggetuni marang awake dhewe...
Urip kuwi sejatine rasa...
Lan rasa kuwi kang kinaran AKHLAQ..."

Komentar