PITUTUR JOWO : WELINGE MBAH KIYAI

PUISI BOSO JOWO : SIMBOK (IBU)

PUISI BOSO JOWO : SIMBOK (IBU)

Si Mbok…
Tuluse tresna welasmu koyo ikhlase srengenge..
Kang madhangi lan menehi keangetan..
Ora ngarep bakal baline piwalese budi..
Dongamu dadi pepadhange laku uripku..
Sikepanmu nentremke jiwa..
Nalikane ingsun keblusuk sajeroning kesusahan lan kegagalan..

Si Mbok…
Sira mutiarane uripku..
Lintang paling endah sajerone petenge wengiku..
Kembang paling mulya ing taman suwargo atiku..
Esemmu tansah tumancep sajerone batinku..
Kaluhuran budimu ora bakal ingsun lali selawase uripku..
Durung tutug rasane anggonku gawe sumringahe uripmu..
Durung bisa rasane anggonku gawe bungahe atimu..
Marang seakehe kepinginan males kaluhurane budi..

Si Mbok...
Amung dongaku saiki kang dadi sambunge katresnan..
Muga Gusti Allah paring sira sagedhene kamulyan ing alam kelanggengan..
Maturnuwun Si Mbok…

Komentar