PITUTUR JOWO : WELINGE MBAH KIYAI

PITUTUR JOWO : MUHASABAH (Introspeksi Diri)

PITUTUR JOWO : MUHASABAH (Introspeksi Diri)

Wajahe..keibuan..
Wedhake..kandele telung sentinan..
Alise..sepidolan..
Njlirit koyo wulan tanggal sepisan..
Sikile..kesebelasan..
Suarane..kebapakan..
Press bodyne..binaragawan..
Esemane..bisa gawe wong kesurupan..
Untune..kawatan..
Lakune..bedhigasan..
Pandangan matane..marai kumat loro ayan..
Panganggone..gelem nganggo kudhung mung yen arep menyang kondangan lan pengajian..
Ngibadahe..sregep tenan yen lagi oleh kesusahan..
Akhlake..gualake ngungkuli galake anakan macan..
Njur apane kang bisa ingsun arepake seka sliramu..?
Suwargo akhirat durung mesti kecandhak..susahe urip ning ndonya kayane wis cepak..
Elek'o rupa..ning kudune nduweni ayune aklaq lan agama...
Robbanaa hablanaa min azwaajinaa wadzurriyatinaa qurrota a'yun waj'alnaa lil muttaqiina imaaman..

Komentar