PITUTUR JOWO : WELINGE MBAH KIYAI

PITUTUR JOWO : MIKUL DHUWUR MENDHEM JERO ASMANE WONG TUO

PITUTUR JOWO : MIKUL DHUWUR MENDHEM JERO ASMANE WONG TUO
Wong tuwamu kudu mbok ajèni aja manèh ibumu ingkang ngandhung kowé 9 sasi lan ngopèni kowé nalika isih cilik. Ana ing adat tata cara Jawa Islam, ibu drajaté tikel 3 tenimbang bapak. Ana paribasané "mikul dhuwur mendhem jero" maksudé bisa njunjung drajadé wong tuwa. Yèn wong tuwamu isih sugeng diajèni, ditrésnani, diparingi panganan sing disenengi, seneng saté kambing dibakarké, seneng nagasari diadangké, mangkono kuwi anggoné awaké dhéwé kudu ngajèni wong tuwa.
Slamet dina Jemu'ah para kanca lan sedulur. Muga2 padha olèh berkah déning Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa. Âmîn.

Komentar